.

.

Minggu, 18 Maret 2012

WIRID HIDAYAT DJATI



TERDJUAL BY KEDIRI
Judul:  WIRID HIDAYAT DJATI
Karya R.Ng. Ranggawarsita (terbitan Trimurti, ditulis ulang oleh R. Tanoyo – 1954)
Tebal: 76 halaman.
Kondisi: LUMAYAN.

Price: IDR 300.000,00  (belum termasuk ongkos kirim)

isi dalam buku


Wejangan ke-1 Ananing Dhat
Sajatine ora ana apa-apa awit duk maksih awang-uwung durung ana sawiji-wiji, kang ana dhingin Ingsun, ora ono Pangeran, anging Ingsun Sajatine Dhat Kang Maha suci anglimputi ing sipat Ingsun, anartani ing asman Ingsun, amratandhani ing af’al Ingsun.

Wejangan ke-2 Wahananing Dhat
sajatine Ingsun dhat kang amurba amisesa kang kawasa anitahake sawiji-wiji dadi pada sanalika sampurna saka kodrat Ingsun, ing kono wus kanyatan pratandhaning af’al Ingsun kang minangka bebukaning iradat Ingsun, kang dhingin Ingsun anitahake kayu aran sajaratu’lyakin tumuwuh ing sajroning alam adammakdum ajali abadi, Nuli cahya aran nur muhammad, nuli kaca aran mirhatulkayai, nuli nyawa aran roh idlafi, nuli damar aran kandil, nuli sesotya aran darah, nuli dhindhing jalal aran kijab. Iku kang minangka warananing kalarat Ingsun.

Wejangan ke-3 Kahananing Dat
Sajatine manungsa iku rahsanIngsun lan Ingsun iku rahsaning manungsa, karana Ingsun anitahake adam asal saka anasir patang prakara, bumi, geni, angin, banyu. Iku kang dadi kawujudaning sipat Ingsun, ing kono Ingsun panjingi mudah limang prakara, nur, rahsa, roh, napsu, budi. Iya iku minangka warananing wajah Ingsun kang maha suci.

Wejangan ke-4 Pambukaning tata malige ing dalem betalmakmur
Sajatine Ingsun anata malige ana sajroning betalmakmur, iku omah enggoning paramejang Ingsun, jumeneng ana sirahing Adam. Kang ana sajroning sirah iku dimak, yaiku utek, kang ana antaraning utek iku manik, sajroning manik iku budi, sajroning budi iku napsu, sajroning napsu iku suksma, sajroning suksma iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun, ora ana Pangeran, ananging Ingsun, dhat kang nglimputi ing kahanan jati.


Wejangan ke-5 Pambuka tata malige ing dalem betalmukarram
Sajatine Ingsun anata malige ana sajroning baitalmukarram, iku omah enggoning lelaraning Ingsun, jumeneng ana ing dhadhaningg adam. Kang ana sajroning dhadha iku ati, kang ana antaraning ati iku jantung, sajroning jantung iku budi, sajroning budi iku jinem , yaiku angen-angen, sajroning angen-angen iku suksma, sajroning suksma iku rasa, sajroning rasa iku Ingsun. Ora ana pangeran anaging Ingsun dhat kang anglimputi ing kahanan jati

Wejangan ke-6 Pambuka tata malige ing dalem betalmukadas
Sajatine Ingsun anata malige ana sajroning betalmukadas, iku omah enggoning pasucen Ingsun, jumeneng ana ing kontholing adam. Kang ana sajroning konthol iku prinsilan, kang ana ing antaraning pringsilan iku nutfah, yaiku mani, sajroning mani iku madi, sajroning madi iku wadi, sajroning wadi iku manikem, sajroning manikem iku rasa, sajroning rasa iku Ingsun. Ora ana pangeran anging Ingsun dhat kang anglimputi ing kahanan jati, jumeneng sajroning nukat gaib, tumurun dadi johar awal, ing kono wahananing alam akadiyat, alam wahdat, alam wakidiyat, alam arwah, alam misal, alam ajsam, alam insan kamil, dadining manungsa kang sampurna, yaiku sajatining sipat Ingsun.

Wejangan ke-7 Panetep santosaning iman
Ingsun anekseni satuhune ora ana Pangeran ananging Ingsun lan anekseni Ingsun satuhune muhammad iku utusan Ingsun

Wejangan ke-8 Sasahidan
Ingsun anekseni ing Dhat Ingsun dhewe, satuhune ora ana Pangeran anging Ingsun, lan anekseni Ingsun satuhune muhammad iku utusan Ingsun. Iya sejatine kan aran Allah iku badan Ingsun, rasul iku rasane Ingsun, muhammad iku cahayaning Ingsun. Iya Ingsun kang urip tan kena ing pati, iya Ingsun kang eling tan kena ing lali, iya Ingsun kang langgeng ora kena owah gingsir ing kahanan jati, iya Ingsun kang waskitha, ora kasamaran ing sawiji-wiji. Iya Ingsun kang amurba amisesa, kang kawasa wicaksana ora kekurangan ing pakerthi, byar sampurna padhang terawangan, ora kerasa apa-apa, ora ana katon apa-apa, amung Ingsun kang anglimputi ing alam kabeh kalawan kodrat Ingsun


SUMBER ARTIKEL:
http://permenkaretmolor.multiply.com/reviews/item/31



2 komentar:

mansur mengatakan...

bisa pesan g mas??

Anonim mengatakan...

masih ada mas barangnya bisa langsung saya pesan

Posting Komentar

Jangan lupa menuliskan sedikit komentar ya....? banyak juga boleh..........thanks.....

Related Post

ShareThis