TERDJUAL BY KEDIRI
Judul: WIRID HIDAYAT DJATI
Karya
R.Ng. Ranggawarsita (terbitan Trimurti, ditulis ulang oleh R. Tanoyo – 1954)
Tebal: 76 halaman.
Kondisi: LUMAYAN.
Price: IDR 300.000,00 (belum
termasuk ongkos kirim)
 |
| isi dalam buku |
Wejangan ke-1 Ananing Dhat
Sajatine ora ana apa-apa awit duk maksih awang-uwung durung ana sawiji-wiji,
kang ana dhingin Ingsun, ora ono Pangeran, anging Ingsun Sajatine Dhat Kang
Maha suci anglimputi ing sipat Ingsun, anartani ing asman Ingsun, amratandhani
ing af’al Ingsun.
Wejangan ke-2 Wahananing Dhat
sajatine Ingsun dhat kang amurba amisesa kang kawasa anitahake sawiji-wiji dadi
pada sanalika sampurna saka kodrat Ingsun, ing kono wus kanyatan pratandhaning
af’al Ingsun kang minangka bebukaning iradat Ingsun, kang dhingin Ingsun
anitahake kayu aran sajaratu’lyakin tumuwuh ing sajroning alam adammakdum ajali
abadi, Nuli cahya aran nur muhammad, nuli kaca aran mirhatulkayai, nuli nyawa
aran roh idlafi, nuli damar aran kandil, nuli sesotya aran darah, nuli
dhindhing jalal aran kijab. Iku kang minangka warananing kalarat Ingsun.
Wejangan ke-3 Kahananing Dat
Sajatine manungsa iku rahsanIngsun lan Ingsun iku rahsaning manungsa, karana
Ingsun anitahake adam asal saka anasir patang prakara, bumi, geni, angin,
banyu. Iku kang dadi kawujudaning sipat Ingsun, ing kono Ingsun panjingi mudah
limang prakara, nur, rahsa, roh, napsu, budi. Iya iku minangka warananing wajah
Ingsun kang maha suci.
Wejangan ke-4 Pambukaning tata malige ing dalem betalmakmur
Sajatine Ingsun anata malige ana sajroning betalmakmur, iku omah enggoning
paramejang Ingsun, jumeneng ana sirahing Adam. Kang ana sajroning sirah iku
dimak, yaiku utek, kang ana antaraning utek iku manik, sajroning manik iku
budi, sajroning budi iku napsu, sajroning napsu iku suksma, sajroning suksma
iku rahsa, sajroning rahsa iku Ingsun, ora ana Pangeran, ananging Ingsun, dhat
kang nglimputi ing kahanan jati.
Wejangan ke-5 Pambuka tata malige ing dalem betalmukarram
Sajatine Ingsun anata malige ana sajroning baitalmukarram, iku omah enggoning
lelaraning Ingsun, jumeneng ana ing dhadhaningg adam. Kang ana sajroning dhadha
iku ati, kang ana antaraning ati iku jantung, sajroning jantung iku budi,
sajroning budi iku jinem , yaiku angen-angen, sajroning angen-angen iku suksma,
sajroning suksma iku rasa, sajroning rasa iku Ingsun. Ora ana pangeran anaging
Ingsun dhat kang anglimputi ing kahanan jati
Wejangan ke-6 Pambuka tata malige ing dalem betalmukadas
Sajatine Ingsun anata malige ana sajroning betalmukadas, iku omah enggoning
pasucen Ingsun, jumeneng ana ing kontholing adam. Kang ana sajroning konthol
iku prinsilan, kang ana ing antaraning pringsilan iku nutfah, yaiku mani,
sajroning mani iku madi, sajroning madi iku wadi, sajroning wadi iku manikem,
sajroning manikem iku rasa, sajroning rasa iku Ingsun. Ora ana pangeran anging
Ingsun dhat kang anglimputi ing kahanan jati, jumeneng sajroning nukat gaib,
tumurun dadi johar awal, ing kono wahananing alam akadiyat, alam wahdat, alam
wakidiyat, alam arwah, alam misal, alam ajsam, alam insan kamil, dadining
manungsa kang sampurna, yaiku sajatining sipat Ingsun.
Wejangan ke-7 Panetep santosaning iman
Ingsun anekseni satuhune ora ana Pangeran ananging Ingsun lan anekseni Ingsun
satuhune muhammad iku utusan Ingsun
Wejangan ke-8 Sasahidan
Ingsun anekseni ing Dhat Ingsun dhewe, satuhune ora ana Pangeran anging Ingsun,
lan anekseni Ingsun satuhune muhammad iku utusan Ingsun. Iya sejatine kan aran
Allah iku badan Ingsun, rasul iku rasane Ingsun, muhammad iku cahayaning
Ingsun. Iya Ingsun kang urip tan kena ing pati, iya Ingsun kang eling tan kena
ing lali, iya Ingsun kang langgeng ora kena owah gingsir ing kahanan jati, iya
Ingsun kang waskitha, ora kasamaran ing sawiji-wiji. Iya Ingsun kang amurba
amisesa, kang kawasa wicaksana ora kekurangan ing pakerthi, byar sampurna
padhang terawangan, ora kerasa apa-apa, ora ana katon apa-apa, amung Ingsun
kang anglimputi ing alam kabeh kalawan kodrat Ingsun
SUMBER
ARTIKEL:
http://permenkaretmolor.multiply.com/reviews/item/31